Pekok!

Pekok! Bisane mung thogak-thogok
Ndhomblong ning pojok karo alok-alok
Lha karang wong pekok
Ngerti lawang digembok
Kok malah disawat rokok

Wis Kok, Pekok
Ora usah bengak-bengok
Mundhak diunekke "katrok"
Gage sinau, aja mung lenggak-lenggok
Kaya cah pekok ora nganggo kathok

Pancen ora ilok
Yen sing waras bengak-bengok
Muna-muni nyatur penggawene wong pekok
Wis ndang ndekok
Aja tuku togel, mundhak kakehan tombok

Postingan populer dari blog ini

Estimasi Hasil Produk Pemotongan Ayam Broiler

Diagram Bagian-Bagian Daging Sapi Bagian #1

Sejarah Desa Boja: Mataram Kuno hingga Jaman Wali Songo