Postingan

Menampilkan postingan dengan label guneman

Ngromyo

Gambar

Guneman

Gambar
Janji dina Setu, mesthi ana wae sing dadi prekara. Jan nganeh-anehi kok. Gek mesthi samubarange liwat bekakas sing diarani henpon (bener ora kuwi, "henpon"?). Dina setu kapungkur ana sing bola-bali esemes kandhane arep nuku lemah ngarep kuburan. Dina Setu sasi kapungkur ana sing ngajak bisnisan dodolan mas-masan lan saham. Eee ... lhadhalah! Esuk iki ana sing takon bab transfer duwit menyang rekeningku. Sirku ora arep ngladeni wong-wong iseng kaya mangkono. Nanging kok ya gelem ora gelem kudu diladeni. Esemes ora dibales kayane kok ora sopan, sak ora-orane ki ya mung ngabarke nek wis salah kirim. Ananging kok ya isih ngeyel wae. Kandhane nomere sing dikirimi ki bener nggon kancane. Lha kancane sing endi? Sing seka Hongkong? Lha wong nomer henponku kuwi wis meh telung taun tak enggo.