Ajar Lila, Legawa, lan Narima
Iki wis mlebu wulan Pasa, kanggone wong Jawa, Ramadhan, kanggone wong Islam. Ing wulan ini, kabeh pawongan kang ngrasuk agama Islam nglakoni pasa sing suwene udakara 30 dina. Pasa, wong Jawa wis biasa, maneka warna pasa ana ing ajaran Kejawen. Pasa mutih, ngrowot, ngebleng, pati geni, pasa ngalong, lan sak panunggalane. Sejatine apa ta sing diarani pasa kuwi? Ana sing ngarani pasa kanthi ora mangan, ora ngombe ing sajrone wektu tertentu, yaiku mulai Imsak nganti wayah Maghrib, sing kaya mangkene iki kena diarani pendhapate wong awam. Ana maneh kang nganggep pasa kuwi sarana minangka pasinaon, kanggo “ngerèm” hawa nepsu, pasinaon kanggo blajar lila, legawa lan narima.