Mlaku
Dak turut lurung kang lunyu iki Tumuju mring pepadhang kang wus dijanji Dak pecaki dalan kang rumpil iki Tumuju tresnamu kang sejati ... Diajeng Apa ya kersa slira ngenteni aku Kang ora kuwawa ngadepi kejeming donya Kang ora bisa maca tandha gumantining warsa ... Diajeng Ora krasa wus suwe anggone kita ngrakit asmara Nanging aku durung bisa paring suka lan bebana Nyuwun pangaksama yen aku wus gawe cuwa Edisi #stress Dl. Veteran, 12 Nopember 2013