Guneman

Janji dina Setu, mesthi ana wae sing dadi prekara. Jan nganeh-anehi kok. Gek mesthi samubarange liwat bekakas sing diarani henpon (bener ora kuwi, "henpon"?). Dina setu kapungkur ana sing bola-bali esemes kandhane arep nuku lemah ngarep kuburan. Dina Setu sasi kapungkur ana sing ngajak bisnisan dodolan mas-masan lan saham. Eee ... lhadhalah! Esuk iki ana sing takon bab transfer duwit menyang rekeningku.

Sirku ora arep ngladeni wong-wong iseng kaya mangkono. Nanging kok ya gelem ora gelem kudu diladeni. Esemes ora dibales kayane kok ora sopan, sak ora-orane ki ya mung ngabarke nek wis salah kirim. Ananging kok ya isih ngeyel wae. Kandhane nomere sing dikirimi ki bener nggon kancane. Lha kancane sing endi? Sing seka Hongkong? Lha wong nomer henponku kuwi wis meh telung taun tak enggo.

Ana maneh kedadeyan wis suwe, udakara 4 taun kapungkur. Ujug-ujug ana wong nelpun jarene saka tlatah Tasikmalaya, Sunda kana adohe. Kok kandhane urusane karo pengacara wis "klaar" lan aku mung gari mara menyang kantor amarga kabeh wis rampung urusane. Lha kantor opo gek yo urusane ki opo. Dadine malah gawe mumet. Kedadeyan kuwi ya ing dina Setu.

Kandhane kancaku Si Tony (dudu Mas Tony Blank sing asring muni "saparatoz" kae) dina Setu kuwi tegese "nek diseset mesti metu". Lha jan aeng padhakke lemper apa arem-arem. Wis lah lur, kopimu malah dadi adhem mengko yen aku ngoceh terus ing kene.


Lihat Jembatan Glagah di peta yang lebih besar

Postingan populer dari blog ini

Estimasi Hasil Produk Pemotongan Ayam Broiler

Diagram Bagian-Bagian Daging Sapi Bagian #1

Sejarah Desa Boja: Mataram Kuno hingga Jaman Wali Songo