Mlaku

Dak turut lurung kang lunyu iki
Tumuju mring pepadhang kang wus dijanji
Dak pecaki dalan kang rumpil iki
Tumuju tresnamu kang sejati
...
Diajeng
Apa ya kersa slira ngenteni aku
Kang ora kuwawa ngadepi kejeming donya
Kang ora bisa maca tandha gumantining warsa
...
Diajeng
Ora krasa wus suwe anggone kita ngrakit asmara
Nanging aku durung bisa paring suka lan bebana
Nyuwun pangaksama yen aku wus gawe cuwa


Edisi #stress Dl. Veteran, 12 Nopember 2013

Postingan populer dari blog ini

Estimasi Hasil Produk Pemotongan Ayam Broiler

Diagram Bagian-Bagian Daging Sapi Bagian #1

Sejarah Desa Boja: Mataram Kuno hingga Jaman Wali Songo