MANUNGGALING KAWULA GUSTI: AJARAN MENAPA GEGAYUHAN?

Semar
Asring kita mireng tembung ingkang tinulis wonten inggil menika. Ananging asring ugi kita mboten (menapa kirang) mangertosi surasanipun. Kathah tiyang ingkang langsung paring "paukuman (eng: judge)" dhumateng sesebatan menika. Ugi mboten sakedhik ingkang gadhah panganggep menawi MKG menika salah setunggalipun tindhakan musyrik utawi dosa ageng.

Sejatosipun punapa ta ingkang dipun wastani kaliyan Manunggaling Kawula Gusti? Manunggaling Kawula Gusti (dipun cekak MKG) menika salah satunggaling kawontenan ingkang saged dipun upadi dening para sedherek ingkang saweg nglampahi salah satunggaling ritual/ibadah tertamtu. MKG ngandhut suraos manunggaling kawula klawan GUSTI, bertemu-berkumpulnya makhluk dengan TUHAN. Nanging kathah ingkang salah kaprah, ngudar artinipun MKG minangka jumbuhipun manungsa klawan GUSTI, bercampur-bersatunya dzat makhluk dengan KHALIK. Pemahaman ingkang kados menika sanget lintunipun.

Gamblangipun mekaten, wonten gelas (makhluk) ingkang sampun dipun damel dening setunggaling tiyang (khalik). Menawi dipun mangertosi MKG minangka manunggal-bertemu/berkumpul, gelas kaliyan ingkang damel gelas menika bakal wonten ing panggenan ingkang sami, umpaminipun wonten ing pendhapa. Nanging menawi dipun ugemi minangka jumbuhipun kawula gusti, menapa saged gelas menika nyawiji-jumbuh kaliyan badan ingkang nyipta gelas menika? Tamtu mboten, sebab gelas (beling, silikat) mboten sami kaliyan tiyang ingkang nyipta gelas menika (daging, protein). Nyata-nyata sanes dzat ingkang sami.

MKG menika sampun jelas sanes ajaran nanging gegayuhan para pelaku ritual-ibadah. Kathah para sedherek ingkang leres anggenipun nglampahi ibadah kanthi khusyu' saged dumugi salah satunggaling kawontenan ingkang dados wiwitan-pambukanipun MKG. Inggih menika kawontenan awang-awang suwung.

Awang-awang suwung menika salah satunggaling kawontenan ingkang arupi pethak-seta, ora ngisor-ora ndhuwur, ora ngarep-ora mburi, ora kiwa-ora tengen. Suwung, sepi boten wonten menapa-menapa. Tan wewangenan-tidak bisa diangan-angan. Tanpa wates-tanpa batas, borderless.

Wonten ing kawontenan menika, para pelaku ibadah-ingkang nembe sepindhah ngraosaken menika, bakal panggih kaliyan raos bingung-iki ning endi, arep ning endi, karo sapa. Lan biyasanipun mboten lami, namung 4-5 detik kemawon. Sakbibaripun nglampahi dalah ngraosaken awang-awang suwung, para pelaku bakal ngraosaken kados kauncalaken saking panggenan ingkang inggil dumugi panggenan awal (panggenan para pelaku miwiti ritual).

Kedadosan menika minangka wiwitanipun MKG, lan saged dipun upadi kaliyan nglampahi ibadah kanthi khusyu', ikhlas, wening ing penggalih, lan ingkang utami mboten gadhah pangajeng-ajeng saged cepet dumugi kawontenan mekaten menika. Wekdal ingkang sae kagem gladhi menika mulai tabuh 10 (ndalu) dumugi 3 (enjang) wonten panggenan ingkang tenang lan suci. Ing kawruh Islam Kejawen, Yasin-Tahlil-Wirid minangka sarana ingkang efektif kagem gladhi menika. Ananging perlu dipun mangertosi, kuncinipun IKHLAS-TANPA PAMRIH-PASRAH dhumateng GUSTI INGKANG MAHA WELAS ASIH.

Mekaten ingkang saged kawula tulis bab MKG menika. Gunging samudra pangaksami kawula suwun dhumateng para sedherek ingkang maos tulisan menika. Mugi GUSTI INGKANG MAHA AGUNG kersa nampi ibadah kula panjenengan sami. Nuwun.

Postingan populer dari blog ini

Estimasi Hasil Produk Pemotongan Ayam Broiler

Diagram Bagian-Bagian Daging Sapi Bagian #1

Sejarah Desa Boja: Mataram Kuno hingga Jaman Wali Songo