Ajar Lila, Legawa, lan Narima

Iki wis mlebu wulan Pasa, kanggone wong Jawa, Ramadhan, kanggone wong Islam. Ing wulan ini, kabeh pawongan kang ngrasuk agama Islam nglakoni pasa sing suwene udakara 30 dina. Pasa, wong Jawa wis biasa, maneka warna pasa ana ing ajaran Kejawen. Pasa mutih, ngrowot, ngebleng, pati geni, pasa ngalong, lan sak panunggalane.

Sejatine apa ta sing diarani pasa kuwi? Ana sing ngarani pasa kanthi ora mangan, ora ngombe ing sajrone wektu tertentu, yaiku mulai Imsak nganti wayah Maghrib, sing kaya mangkene iki kena diarani pendhapate wong awam. Ana maneh kang nganggep pasa kuwi sarana minangka pasinaon, kanggo “ngerèm” hawa nepsu, pasinaon kanggo blajar lila, legawa lan narima.


Lha kok bisa? Iki sing dadi pokok tulisan iki. Manungsa ora bisa urip dhewe, kudu urip bebarengan, bebrayan karo manungsa liyane. Ing lelakuning urip kuwi, kudu bisa mangerteni marang liyan, iki sing kudu ditatar, tembung kuncine: MANGERTENI. Banjur piye supaya bisa mangerteni marang liyan? Manungsa kudu bisa lila, legawa, lan narima. Ajar lila, legawa lan sakpanunggalane kuwi ora kudu dilakoni ing wulan Pasa iki, ajar lila bisa dilakoni ing sasi-sasi liyane. Nanging, wulan Pasa iki kandhane para alim ulama, para kyai, cocok lan pas kanggo mulai ajar lila, legawa lan narima.

Sebab, ora kabeh pawongan nglakoni pasa, utamane wong kang ngrasuk agama sak liyane Islam, wis mesti ora nglakoni pasa ing wulan iki. Umpama ana sing mangkono, awake dhewe, wong Islam, sing padha nglakoni pasa kudu bisa lila nampa kahanan kang mangkene iki, sebab ing donya iki sing urip ora mung wong Islam wae. Akeh wong kandha, sing ngrasuk agama sak liyane Islam kudu ngormati sing dha nglakoni pasa, kudu ngormati wong Islam. Anggepan kaya mangkono kuwi bener, nanging kurang pener. Lha banjur sing pener piye?

Wong kang ngrasuk agama Islam kuwi cacahe paling akeh ing nagara iki, pemeluk agama mayoritas! Ing jaman iki, paradigma sing cilik kudu ngormati sing gedhe kudu diwalik, Mayoritas kudu ngormati minoritas, kanthi sarat, golongan minoritas ora nglecehake, ora ngina, marang apa kang dilakoni dening golongan mayoritas, lila, legawa lan narima kahananing liyan sing kudu diupadi ing sakjrone wulan iki. Umpama ana wong kang nglakoni pasa, nanging banjur ora kuwat yen weruh wong kang lagi mangan, sing disalahake aja banjur sing lagi mangan, kudu digoleki apa sebabe, mangan amarga lara, apa mangan amarga pancen arĂªp nglecehake wong kang lagi pasa, sing nglakoni pasa ya kudu introspeksi, apa sebabe kok ora kuwat?

Mula, ing wulan Pasa iki, ayo padha ajar lila, legawa, lan narima. Muga-muga GUSTI ALLAH nampa ibadah pasa kita.

Postingan populer dari blog ini

Estimasi Hasil Produk Pemotongan Ayam Broiler

Posisi Bercinta Paling Nikmat

Sejarah Desa Boja: Mataram Kuno hingga Jaman Wali Songo