MENYANG ENDI JATINING MANUNGSA SAKWISE NILAR DONYA?
Gambar dari: http://en.wikipedia.org/ |
Apa kang diarani suwarga lan nraka kuwi? Manungsa durung nate mangerteni sejatining suwarga klawan nraka, wewayangan suwarga klawan nraka kuwi mung kanggo gambaran yen manungsa kudu eling marang tumindak kang dilakoni, kudu eling marang kabecikan, kudu eling marang GUSTI kang wus nyipta manungsa. Kita mangerteni, ing sakjroning 'pengajian-pengajian', ing diskusi bab agama, ing pasinaon bab agama ing sekolah, wus dikandhakake menawa ganjaran kabecikan kang dilakoni manungsa kuwi suwarga, suwalike, nraka yen manungsa tansah gawe rubeda, gawe rusuh, tumindak ala marang liyan. Nanging, wujud sejatining suwarga lan nraka kuwi durung ana manungsa kang mangerteni.
Ing kene, perlu dimangerteni, kang diarani manungsa kuwi ya manungsa kaya dene aku lan panjenengan sami, dudu Nabi, dudu Rasul. Kita namung mangerteni wewayangan suwarga lan nraka seka pasinaon, yen menawa ana pawongan kang ngaku ngerti wujud sejatining suwarga lan nraka, kuwi mung dadi wewadining GUSTI.
Banjur, apa kang diupadi manungsa ing sakjroning ngaurip iki? Apa kang diupadi ing sakjroning nglakoni ibadah miturut agama lan kepercayaane dhewe-dhewe? Suwarga? Akeh pawongan kang ngugemi yen nglakoni ibadah kanthi becik, menawa tumindak becik, lan nglakoni samubarang kabecikan kuwi bakal pikantuk suwarga sakwise manungsa tilar donya. Mangkono kuwi bener, pancen kuwi kang wus dijanji GUSTI marang manungsa. Nglakoni kabecikan bakal ginanjar suwarga, nglakoni tumindak ala bakal dicemplungake ing nraka.
Nanging yen kita nglakoni kabecikan ini mung adhedasar mangkono mau, tak kira anggone kita ngibadah kuwi mung nduweni orientasi profit, keuntungan, wegah resiko. Manungsa urip iki mesti, gelem-ora-gelem, uga kudu nglakoni barang/tumindak kang ala, konsekuensine bakal ngrasakake nraka. Kliru yen ana pawongan kang ngandhakake menawa tumindak ala [dosa] bisa sinuda dening tumindak kang becik, dosa kang wus ana iki sejatine ora bisa disuda, ajeg, malah-malah bisa nambah. Banjur kepiye? Dosa kuwi ajeg, ananging amal kang becik bisa tambah, yen kita nglakoni tumindak kang becik uga, dadi kang diarani dosa bisa sinuda kuwi kliru, sing bisa sinuda mung rasio perbandingane.

Bali marang tulisan iki, banjur menyang endi jatining manungsa sakwise tilar donya? Akeh kang kandha manungsa kang becik bakal mlebu suwarga, manungsa kang tumindak dora bakal mlebu nraka. Yen mangkene iki, kita kudu mangerteni "INNA LILLAHI WA INNA ILAIHI ROJI'UN" kang surasane mangkene "Asale saka GUSTI bakal mulih menyang GUSTI", dadi manungsa sakwise tilar donya kuwi bakal mulih menyang ngarsanipun GUSTI, dudu surga, dudu nraka. Nraka kuwi mung kanggo 'purifikasi', penyucian, paukuman seka tumindak ala kang wus dilakoni manungsa ing sakjroning ngaurip. Sing langgeng urip ing nraka kuwi mung setan, iblis, lan sakpanunggalane.
Dadi yen ana wong kang nglakoni ibadah kanthi tujuan nggayuh suwarga kuwi ora kliru, bener, nanging durung pener. Penere mangkene, ngibadah kuwi mung nggayuh bisa tinampa ing ngarsaning GUSTI, dudu suwarga, yen ngibadah mung ngudi suwarga kuwi kaya dene mertamu nanging mung ana ing emperan omah wae, dadi ayo bebarengan ngibadah kanthi nggayuh tinampa ing ngarsaning GUSTI. Yen wis mangkono karahayon, katentreman, kamulyan ing pungkasane suwarga bakal diparingake GUSTI marang kita.
Om awignam astu namassidham | Muga linuputna ing reridhu.