LEK SLAMET NGALAP BERKAH

Lek Slamet lagi ora nduwe "job" dewekne wit esuk mau dolan maring ngomah, tak suguhi nyamikan nanging ora dipangan sakcuwil-cuwilo, tak sugati wedang ya ora dicucrup babar blas. Anane mung klekaran ning lincak pawon sing reyot kuwi.

"Lek, sajake sampeyan kok galau to?" aku iseng takon marang dewekne. "Ora ndut, mung lagi golek inspirasi ben greget!" wangsulane karo ngepelke tangane mendhuwur. "Wahahaha, eram! Semangatmu koyo Maddog ngono Lek" sautku. "Maddog kui tunggale Hotdog po ndut?" Lek Slamet malah takon. "Xixixi dudu Lek, Maddog kui sing neng pilem kae" wangsulanku. "Lha tegese opo ndut?" dhewekne takon meneh. "Emmm anu Lek ... Tegese ... Asu Edan" tak wangsuli karo ngempet guyu. "Woooo ... drohon! Rupomu koyo Cucur Wayu" kandhane karo nguncalke mancis legendaris "Zippo Jowo". "Ngene wae Lek, bubar luhuran dolan ning Kajine wae, ben diwejang, piye?" kandhaku. "Yo wis ngono yo keno" ujare.

Bubar luhuran aku karo Lek Slamet budhal menyang omahe Kajine. Ndilalah dhasar pangawak begja, Kajine lagi jagongan neng ngarep omah.

"Assalamu'alaikum Kajine, Kulonuwun" Lek Slamet uluk salam. "Mrene Met, lagi tak arep-arep tekamu je" ujare Kajine. "Kulonuwun Kajine" ujarku karo ngulungke tangan marang Kajine. "Kene ndisik cah, tak jupukke kolak gedhang karo waluh, bojoku leh nggawe jare mau kowe kudu ngicipi" ujare Kajine karo jumangkah mlebu ngomah.

Ora suwe Kajine metu karo nggowo panci rodo gede sing isi kolak mau. "Gelase njaluk Bu Nyai yo ndut" ujare Kajine. "Siaaap Ji" wangsulanku. Aku mlebu njupuk gelas 3, kanggo aku, Lek Slamet, karo Kajine. Wong telu caturan suwe banget ngalor ngidul ngetan ngulon sakparan-paran. Dumadakan Lek Slamet matur karo Kajine "Ji, nyuwun ijin. Nika kok wonten tiyang radi miring (wong "edan") nyawang kula sajak ngemataken sanget, mbok keparenga kula maringi kolak tiyang niku". "Lha mbok jupukna kono, ora usah ijin-ijinan" wangsulane Kajine. "Suwun Ji" ujare Lek Slamet karo njupukke kolak kanggo wong kuwi nganggo gelase, njur diwenehke wong kuwi. Tak sawang wong kui mau jan ngelak banget, kolak gedang waluh sakgelas gede bablas ming kurang seko 3 menit. "Suwun nggih den" ujare wong kuwi mau marang Lek Slamet. Lek Slamet sajak kaget. Gelas diulungake Lek Slamet nuli wong kuwi mlaku maneh.

"Met gelase kok kumbah ndisik yen arep kok enggo meneh" ujare Kajine. "Nggih Ji" wangsulane Lek Slamet. Ndilalah isih ono turahan saktetes rong tetes kolak neng gelas kuwi. Eee kok ya ditinting Lek Slamet ditadahi ilate. "Met, lha wong kolake isih sak baskom ngono kok yo ninting turahane wong liya" kandhane Kajine. "Mekaten Ji, kula nembe ngalap berkah. Mbok bilih tiyang sanes nyawang tiyang kalawau minangka "wong edan" nanging kula lan tiyang gendheng kalawau drajatipun sami ing ngarsanipun Gusti ALLAH" ujare Lek Slamet. Kajine mlongo krungu Lek Slamet cramah. "Njur werdine piye Met? Anggonmu ngalap berkah kui?" ujare Kajine. "Kula mboten nyadong berkah dumateng tiyang kalawau Ji, kula namung nenuwun dhumateng Gusti dipun paringi kekiyatan, dipun paringi kasarasan tuwin kasantosan, dipun paringi sabar kados tiyang menika, sebab kula, njenengan, gendhut boten wonten napa-napane yen dibandingaken kaliyan tiyang niku" wangsulane Lek Slamet. "Yo yo yo ... bener kandhamu Met, wis saiki gelase dikumbah ndisik njur dilanjut ngentekke kolake" ujare Kajine

Aku ming mlongo nuli raup banyu kolam ning ngarep omahe Kajine. Segerrrrrrrrrr.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Estimasi Hasil Produk Pemotongan Ayam Broiler

Diagram Bagian-Bagian Daging Sapi Bagian #1

Sejarah Desa Boja: Mataram Kuno hingga Jaman Wali Songo