Slamet: The Undertaker

Jenenge Slamet, pegaweyane "undertaker" utawa tukang dhudhuk kubur. Pawongane thok-leh, malah yen disawang ora prasaja, alias selengekan. Yen bab agama, nuwunsewu Lek Slamet wong Abangan tulen, shalat limang wektu ora klalen, Jemuwahan ya mangkat ndhisik dewe. Nanging pacelathone wingi marai ngakak pol-polan. Jan ora tanggung-tanggung.
-----
"Ndut, kowe kuwi rak yo klebu wong enom, tur mudheng perkembangane jagat" ngono ujare Lek Slamet. "Aku kok tau krungu, ning Mekah saiki ono "jam gadang" sing guedhene ora mekakat" sambunge.
"Yoi lek" wangsulanku cekak.
"Gek yo kandhane neng Mekah saiki akeh hotel-hotel mewah sing dhuwure ngluwihi Ka'bah" ujare Lek Slamet.
"Ha'a" sautku.
"Ngene ndut, iki nek miturut pamikiran wong pekok kaya aku, sakjane hotel-hotel mewah sak kupenge Ka'bah kui ora prelu, malah ngilangake sesucining Ka'bah kui" Lek Slamet ngomong karo ngresiki pacule.
"Weits! Sampeyan ojo asal vonis Lek!" ujare Andi. "Ojo waton njeplak!" sambunge.
Aku mung mlongo krungu ujare Lek Slamet mau. Nanging aku ora mangsuli.
"Piye Met, kok kowe nduwe pamikiran koyo ngono?" Kaji Muhajir melu urun omongan.
"Mekaten Pak Kaji, niki pamikiran pekok, porno, lan njelehi yen kula beber teng mriki" wangsulane Lek Slamet.
"Wis, ngomonga wae. Ben ora podho penasaran" ujare Kaji Muhajir.
"Hotel niku kangge? Tilem, adus, dhahar, bebucal, ihik-ihik ugi saged tha Pak Kaji?" pitakone Lek Slamet marang Kajine.
"Kosik, kowe ojo suudhon Lek" ujare Andi.
"Sinten sing saged njamin tiyang nginep teng hotel niku suci sedanten Pak Kaji?" ujare Lek Slamet.
"Wis ngene Met, cekake piye?" ujare Kajine.
"Mekaten Kajine, wonten ngandhap atusan ewu manungsa nglampahi thawaf, nglampahi shalat wonten ing Masjidil Haram. Eee, sing nginep teng hotel sing inggile nglangkungi Ka'bah lan Masjid kok malah penak-penak bebucal, ihik-ihik. Lha nalare teng pundi Kajine?" ujare Lek Slamet karo ngempos rokoke sing istimewah kuwi.
-----
Kajine ngakak nganti kejengkang, Andi ndhase disumpetke pojokan cungkup, gek aku sakjane arep ngemplok lemah kubur nanging kok rasane sepet, dadine ra sido ngemplok.
just a # fiction

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Estimasi Hasil Produk Pemotongan Ayam Broiler

Diagram Bagian-Bagian Daging Sapi Bagian #1

Sejarah Desa Boja: Mataram Kuno hingga Jaman Wali Songo